Anti Stress Medicine: January 2008

Anti Stress Medicine

Collection of Jokes, Humours, and everythings that can relieve our stress. Should you have one(s) and wanna to share with us, please email to noniq_sg@yahoo.com. Have a good day always. TERTAWALAH SEBELUM TERTAWA ITU DILARANG... kata warkop dki

Tuesday, January 29, 2008

Guyonan ala Suroboyoan (Dudi/Gurnadi)

Guyonan Suroboyoan

DOKTER CANGGIH
Yuk Jah lungo perikso nang dokter.
“Opoko sampeyan ning ?” Jare doktere.
Yuk Jah terus cerito, “Iki lho dok, wis sak wulan iki aku malih ngentutan. Sak jam isok ping sepuluh aku ngentut. Cumak untunge, entutku iku gak mambu ambek gak onok suorone, dhadhi gak onok sing ngerti. Lha iki pas aku longgo ndhik ngarepe sampeyan ae wis ping telu aku ngentut. Tapi sampeyan gak ngerti tho, mergo iku mau, entutku gak muni ambek gak mambu. Cumak aku malih gak enak dhewe, mosok arek wedhok ngentutan “.
“Oh, ngono tah.. Lek ngono tebusen resep iki. Seminggu maneh mbaliko ene maneh” jare doktere.
Pas wis seminggu yuk Jah mbalik maneh nang doktere.
“Wis enakan tah ?” takok doktere.
“Aku gak ngerti obat opo sing dokter kekno wingi, cumak entutku saiki kok ambune malih bosok gak karuan. Sampek kudhu nggeblak aku. Tapi untunge entutku sik tetep gak muni”, jare yuk Jah.
“Berarti saiki irung sampeyan wis gak buntu maneh. Saiki tebusen resep iki yo” jare doktere. “Obat opo maneh iku pak dokter ?” takok yuk Jah.
“Obat kopok..”


ARGOWILIS
Onok wong papat podho gak kenale numpak sepur Argowilis jurusan Suroboyo Bandung.
Sing pertama ibu-ibu umure sekitar 60an. Ketokane termasuk keluarga ningrat lek ndhelok pacakane.
Sebelahe ibu-ibu iku onok cewek ayu koyok covergirl majalah umure sekitar 20an.
Ndhik ngarepe ibu-ibu iku mau onok tentara berseragam dinas, lengkap karo tanda jasane. Pokoke berwibawa, umure 50an. Sebelahe tentara mau onok arek lanang gondrong umure 25an. Ketokane rocker.
Selama perjalanan, wong papat iku ngobrol macem-macem. Sampek moro-moro sepure mlebu terowongan athik lampune mati, dhadhi petengan pol. Wong papat iku malih meneng kabeh.
Gak sui moro-moro onok suoro pipi disun terus mari ngono suorone wong dikaplok PLAK..!!!.
Wis mari ngono sepi maneh.
Sing ibu-ibu iku mau mbatin,” Wah hebat arek wedhok sebelahku iki, isok menjaga harga diri, gak gelem diperlakukan sembarangan”.
Sing arek wedhok sebelae yo mbatin pisan,”Gak salah tah, sing ngesun mau iku, wong onok arek ayu koyok aku kok malah nenek-nenek tuwek sing disun”.
Lha sing tentara iku ambek ngusap-ngusap pipine sing kenek kaplok melok mbatin pisan,”Jangkrik, gak melok ngesun tapi kenek kaplok.
Dikiro aku pengecut tah, lek aku gelem gak usah ngenteni peteng. Wah tersinggung aku”.
Arek rocker iku karo ngempet ngguyu melok mbatin pisan, “Waahh.. kapan maneh aku isok nggaplok Kolonel gathik konangan. Padahal sing tak sun mau iku tanganku dhewe hihihihi…”.


JIN
Mari kekeselen ngerombeng gak oleh-oleh, Kayat katene ngaso ngisore wit asem, mripate nguantuk, sikile kemeng, wetenge lue. Sik tas katene keturon, dhadhak sikile ngincak botol. Bareng botole dijupuk dhadhak metu beluke, Kayat mencolot kuaget.
“Hua ha ha ha, jenengku jin botol, telu panjalukmu bakal tak turuti,” jare jine.
“Gak percoyo aku, paling kon kate mbujuki aku. Biyen aku iki guanteng lan sugih, lha saiki aku malih ireng mlarat koyok ngene iki mergo dibujuki ambek jin” jare Kayat.
“Lho biyen iku be’e awakmu pethuk ambek jin kaspo, lha aku iki lak jin apikan tah, dhadhi wis gak usah khawatir. Opo maneh awakmu wis kadung koyok ngono, gak bakal isok luwih soro maneh, wis tah gak rugi pokoke. Lek gak percoyo, cobaken dhisik ae njaluk opo” jare jine maneh.
“Yo wis, awas lek awakmu mbujuki. Tak gibheng kon !!!. Sing pertama, aku kepingin ndhuwe dhuwik sak karung,” jare Kayat
“Meremo dhiluk..” jare jine. Ting… Pas melek moro-moro ndhik ngarepe Kayat wis onok dhuwik sak karung, seket ewuan kabeh.
“Sik gak percoyo tah awakmu, saiki njaluk opo maneh .. ?” jare jine.
“Saiki …. aku njaluk omah mewah sak montore, pokoke lengkap sembarange.” jarene Kayat.
“Meremo dhiluk..” jare jine. Ting… Pas melek moro-moro Kayat wis nang njero omah mewah. Kayat sueneng gak karuan.
“Lha saiki kari sithok panjalukmu sing isok tak turuti, pikiren sing temenan cik gak getun” jare jine. Ambek merem-merem mbayangno, Kayat njaluk, “Aku kepingin kulitku malih putih wudho dirubung wong wedhok akeh”.
Pas katene melek, samar-samar Kayat krungu suorone wong wedhok rame ambek keroso awake dicekel-cekel. Tapi kok mambu iwak pindang, pikire Kayat mulai curiga. Bareng melek, Kayat kuaget lha kok wis nang tengah pasar, tibake Kayat wis dhadhi tahu ning tampah…
“Jin guoblok!!! kok aku mbok dhadheke tahuuuuuuuuu…. “


NGUMBAH KUCING
Wonokairun tuku rinso ndhik tokone Bunali.
“Mbah, kok dengaren sampeyan umbah-umbah dhewe ?” takok Bunali.
“Aku katene ngumbah kucing” jare Wonokairun.
“Gak salah tah Mbah.” Bunali bingung.
“Iyo soale kucingku akeh tumane.” Jare Wonokairun.
“Wah yo isok mati kucing sampeyan Mbah” Bunali ngilingno . “Lho koncoku wingi ngono, yo gak opo-opo” jare Wonokairun.
Mari mbayar, Wonokairun mulih katene ngumbah kucinge. Sisuke, Wonokairun teko maneh ndhik tokone Bunali kate tuku rokok.
“Yok opo kucing sampeyan Mbah ?” takok Bunali.
“Kucingku mati ” jare Wonokairun.
“Lho lak temen tah. Sampeyan iku tak kandhani gak percoyo. Laopo kucing atik diumbah ambek rinso, wong onok obat tumo” jare Bunali nyeneni.
“Kucingku mati gak mergo rinso” jare Wonokairun njelasno.
“Opoko lho ??” Bunali gak sabar.
“Tak peres … .”


NGUNTAL YUYU
Sore-sore Wonokairun dijak ngobrol ambek Bunali.
“Mbah. Jare arek-arek sampeyan wis rabi ping telu. Yo tah ?” takok Bunali.
“Yo bener. Tapi bojoku wis tebhal kabeh.” jare Wonokairun.
“Lho kok isok ?” jare Bunali.
“Sing pertama mati nguntal yuyu.” jare Wonokairun
“Lha sing kedua ?” takok Bunali
“Sing kedua mati nguntal yuyu.” jare Wonokairun.
“Lha sing ketiga yo nguntal yuyu pisan” jare Bunalu kemeruh.
“Gak. Matine mergo tak gibheng.” jare Wonokairun.
“Lho opoko ?” takok Bunali.
“Soale gak gelem nguntal yuyu …”


TUKU TISU
Wonokairun lagi blonjo ndhik minimarket cedhak omahe. Sing dituku tibake daging kalengan gawe pakane kucing. Pas katene mbayar, Wonokairun ditakoni kasire.
“Mbah, lek sampeyan katene tuku pakan kucing iki, sampeyan kudhu mbuktekno lek sampeyan iku ndhuwe kucing. Aku khawatir lek tibake pakan kucing iki sampeyan emplok dhewe.” jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nggendhong kucing dipamerno ndhik Bunali.
“Iki kucingku ” jare Wonokairun ambek mbayar daging kalengan gawe kucinge.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, saiki tuku biskuit balung pakane asu. Pas katene mbayar, ditakoni maneh ambek Bunali.
“Mbah, sampeyan ndhuwe asu tah ?. Aku khawatir lek tibake pakan asu iki sampeyan emplok dhewe. ” jare Bunali, kasire.
Wonokairun gak protes, mulih diluk, mbalike nuntun asu dipamerno ndhik Bunali.
“Iki asuku ” jare Wonokairun ambek mbayar biskuit balung gawe asune.
Sisuke Wonokairun teko maneh ndhik minimarket, karo nenteng kardus bekase indomi sing pinggire dibolongi sak driji.
“Mbah, sampeyan katene tuku pakane ulo tah ? ” jare Bunali. “Iki isine dhudhuk ulo. Cobaken tanganmu lebokno kene lek pingin ngerasakno. Wis tah tak jamin gak bakal nyatek. ” jare Wonokairun.
Pertama Bunali rodhok wedhi, tapi mari dibujuk Wonokairun akhire Bunali kendhel. Drijine dilebokno ndhik bolongane kerdus. Tibake njerone onok gembuk-gembuke. Pas drijine ditarik maneh, ambune malih gak whuenak.
Bunali misuh-misuh gak karuan, “Damput, ancene wong dhobhol, lha laopo aku sampeyan kongkon ndhemok tembelek.”
“Saiki, oleh tah aku tuku tisu kamar mandi ? “.

Free HTML Hit Counters
Laugh, Smile, Ngguyu